Anteb Ing Roso
padhanging purnama ing wengi iki
rikala mbulan sumunar ndandari
agawe lingseming ati kang nandang branta
dadya ndadra rasa ing sajroning ati
nora keno dilalekke
yekti mung koe jantung atiku
amung koe kembang sakjroning ati
papan nyuntak rasa tresna kang yekti
iki rasa apa
ning pikirku mung kelingan koe
apa iki seng jenenge tresno
saben wanci mung kelingan koe
tambaning tresnaku amung koe wong ayu
ing ati asansaya ndadra
kusumaning tyas
aku tresna sliramu
panyuwunku tetep jaganen tresnamu
rabisa aku kelangan sliramu
minangka prasetya tak antepne rasaku
tano liyo mung kanggo koe wong ayu